RSS

Contoh Drama Bahasa Jawa

SOMBONG ISO NGRUSAK KEKANCAN

    Sule, Asri, Rege, lan Vega wis suwe dadi kanca. Bocah papat kuwi dasare pancet anake wong sugih. Kerep jajan bareng-bareng, seneng bareng-bareng. Nanging kabeh berubah rikala bapake Rege bangkrut.
    Isuk iku, ing ruang kelas pas lagi piket
Rege    :”Le, aku entuk njaluk tulung ora?”
Sule     : (etok-etok ora krungu karo lirak-lirik Rege)
Rege     :”We! Le Sule! Njaluk tulung entuk opo ora? Kowe iki ora krungu opo
      ancen ora ngreken? Tulung balekno sapu iki, kowe kan wis mari nyapu
      sisan to?”
Sule    :”Opo?! Mbalekke?! Wegah, ora sudi! Kowe duwe tangan karo sikil dewe!”
Rege     :”Asem I! Kowe iki bari mangan opo to, le? Kok dungaren Jutek men karo
      aku”
Sule    :”Ate lapo? Mangan opo yo dudu urusanmu! Wis minggiro kono! (karo
      Mendelik)”
Asri    :”UWESSS! Kowe iki podo lapo to rek?! Kok rame wae?! Nek onok
      masalah kuwi mbok diomongke apik-apik”
Vega    :”Ho,oh! Kowe opo o to Le? Kok nesu karo Rege ngono?”
Rege    : (nyeleh sapu) “ORAAA!  Sopo sing ngomong aku karo Sule apik-apik wae
      Kok. Yo to Le?” (ngrangkul Sule)
Sule    :”ORAA! Aku saiki ora seneng karo kowe! Kowe saiki mlarat! Minggiro-
      minggiro!” (Nyurung Rege banjur mlayu neng ngarep  kelas)
Asri    :”Sek, aku tak marani Sule. Entenono kene!” (mlayu marani Sule)
Vega    :”Yowes santai wae masbro. Woles and keep smile. Pancen Sule kuwi
      Wonge koyo ngono. Ora usah kok piker Ge!” (nepuk pundake Rege)
Rege    :”Haduh duh la yo to Veg, aku ora ngira Sule kuwi kok ngono tibake
      Sombong banget!” (gedeg-gedeg)
Vega    :”Ssstt… ojo banter-banter, mengko wonge krungu
      (krungu suarabel mlebe) “Wes mlebu, ndang balekno sapune Ge!”

Wis pirang-pirang dina iki Rege karo Sule ora dalan bareng. Sule luwih milih dolan karo Asri lan bocah Sugih liyane.
    Terus, sakwijine isuk…
Asri    :”Le Sule! Rinio! Ndang, ojo koyo pengantin!”
Sule    :”Ono opo?!”
Asri    :”Kowe eruh opo ora?” (karo ngguyu seneng)
Sule    :”Opoo?!”
Asri    :”Ikiloh, aku duwe HP uanyarr!! Iki deloken talah, iso di pencet-pencet.
      Lho to! (karo mencet HPne) Kowe ora nduwe toh? (nguuyu sinis)”
Sule    :”eh, ho’oh apike talah! Merk e opo? Regane piro?”
Asri    :”iki HP merk e ‘Ibhone 205’. Regane murah!  Rp 6.785.150 (Nem yuto     pitung atus wolong puluh lima ewu satus skeet rupiah) smartphone
      Loh iki!” (nuding HPne)
Sule    :”Halah, mung semono toh regane? Murahe talah, kecil gae bapakku.
      Bapakku lak boss !”
Asri    :”Wushh gayaa!  Ya wis sesuk tuku sing luwih apik saka HP ku”
Sule    :”Iyoo gampang…… bisa di atur …. “

    Wektu muleh sekolah, Sule wis tekan omah, teruss…
Sule    :” Pak ee! Kula tumbasaken Hp!”
Bapak    :”He! Opo iki? Muleh sekolah ora salam ora salin tambah bengak-bengok
      Ora sopan!”
Sule    :”Oh yo lali! (mbalik mlayu neng ngarep omah) Assalamualaikum Pak e
      (salim)”
Bapak    :”(bapak mung gedeg-gedeg ndeleng anake) Walaikumsalam, nah yo ngono
      Ki bocah pinter”
Sule    :”Pak, aku tumbasaken HP! (sambil nyekel HP lawas)”
Bapak    :”Opoo?! Tuku HP?! Maneh? La HP mu sing lawas arep mbok gae opo?”
Sule    :”Wes kurang apik pak.. Gak gaol pak! Saiiki kuwi jamane HP layar pijet
      Pak, kuwi looh sing layar kene dipencet-pencet”
Bapak    :”Buk ibukk “
Ibuk     :”Yo, ono opo to pak?”
Bapak    :”Kene loh kandanono anakmu!”
Sule    :”Wonten napa to buk? (nggaruk-nggaruk rambut)”
Ibuk    :”Piye yoo… Bpakmu iki lagi ono masalah ing kantor, ono klien bapakmu
      Sing wis nggarai rugi perusahaan”
Sule    :”Maksude? (mlongo)”
Ibuk    :”Ehm… yoo kowe ora isa tuku HP. Bapakmu diapusi wong. Mula awake
      Dewe kudu hemat, ora usah tuku sing ora penting. Omah iki sesuk
      Kudu ditinggalke, keluarga iki kudu nggolek omah sing luwih sederhana.
      Trus omah iki d idol”
Sule    :”OPOOO?!! Ora mungkin !! opo maksude iki kuwi bangkrut?! Ora ngurus!
      Pokoke kudu tuku HP anyar! Titik.!”
Bapak    : (nggebrak meja ) “Wee! Ora usah ngeyel! Mbok yoo ngerti keadaane
      Wong tuwa le, le!”
Sule    :”tapi.. kulaa…”
Bapak    :”Wis gaonok tapi-tapian, pokok kowe kudu hemat!”
Sule    :”Duh Asem!”
Bapak    :”Hoii! Ngomong opo kuwi?! Kurang ajar! Salahe sopo manjake banget?
      (nglirik ibuk)”

    Sorenee…
Bapak    :”Sule tak jak e metu buk”
Ibuk     :”Nang ndi pak?”
Bapak    :”Wess iku rahasia, waraen arep ditumbaske HP”
Ibuk     :”Nggeh pun..”
      (nyeluk Sule)
Ibuk    :”Le, rinio kene loo arep dijak bapakmu metu”
Sule    :”Sido ditumbasaku HP toh bu?”
Ibuk    :”Yo ora eruh, sing penting meloko bapakmu disek kono!”

    Sule karo bapake numpak mobil. Mudun saka mobil…
Sule    :”Lho?! Kok mrene pak? Opo ora sido tumbas HP?”
Bapak    :”Kene loh deloken, wong-wong kuwi kerja keras digae mangan. Awake
      Dewe kudune bersyukur wis diwenehi kecukupan saben dina. Kowe iki
      Sakjane kudu ngerti, wong-wong iki gak saben dina iso mangan, lek
      Mangan mung gae sego aking, ora kayak kowe mangan nggagas, njupuk
      Akeh, lek ra entek njur dibuak-buak! Mubadirlee! Takkandanii yo le,
      Urip iki ora mesti ndek dhuwur terus/ndek ngisor terus. Nek awqke
      Dewe tau dadi sugih, berarti kudu siap dadi mlarat. NGERTI ?!”
Sule    :”Ngertos pak! (manthuk-manthuk)”
Bapak    :”Ngerti temenan gak?! Sido tuku HP ra?!”
Sule    :”Mboten mawon pak, Kula nyuwun ngapura nggeh pak, kulapun sadar”
Bapak    :”Lah ngonoo, yo yal ngapura, ora popo mung dungaren awakmu nggae
      Basa karma karo bapak Le?”
Sule    :”hehehe…”
    Sule lan Bapak muleh….

    Isuk e ing dalan arep menyang sekolah, Sule mikir arep njaluk ngapura karo Rege lan dadi kancane maneh.
Sule    :”Ge! Regeee!”
Rege    :”Opo kon?! Jare ora gelem kenal maneh karo aku?”
Sule    :”Sopo sing ngomong ngono?”
Rege    :”Ya wis arep ngomong opo?”
Sule    :”hmm Aku njaluk ngapura yo? (ngajak salaman)”
Rege    :”Emohh.. ora nduwe ngapura! (sinis)”
Sule    :”Haa?! (mewek) “
Rege    :”Ora-oaraa ojok mewek aa? Yo genah tak ngapurolah (salaman)”
Vega    :”Lha mbok ngono, kancaan maneh kaya ndisek ora musuhan, yo ra Sri?”
Asri    :”Iyooo! Terus kowe sido tuku HP ora Le?”
Sule    :”Ora sido Sri, Emmm bapakku diapusi wong, saiki keluargaku krisis”
Asri    :”Ow. Yo wis ora popo. Aku mung nggudo kowee”
Rege    :”Ora popo Le, santai wae, woles and keep smile lek jare Vega. Kabeh
      Masalah ana dalan keluare”
Sule    :”Bener jaremu Ge.. Sepurane yo rekk!”
Asri+Rege+Vega    :”Yooo… Ojo di baleni Le..”
Sule    :”Nggih…”
Vega    :”He aku luwe, ayo tuku Dragon Essensial”
Rege    :”Wek, opo kuwi?”
Vega    :” NAGA SARI!”
    Kabeh podo ngguyu banjun njajan bareng-bareng nang kantin.



Diketik oleh Jihan Shavira pada 12 Februari 2014

0 komentar:

Posting Komentar